Selasa, 03 September 2013

contoh drama lucu. copian
SAKKAREPMU
Lisa         : iki kuburan po piye to? Kok awake dhewe koyo wonk nyekar?
( Rina lagi moco buku, ora nggatekno omongane Lisa)
Lisa         : Rin… Rina… eh aku duwe komik doraemon ..
Rina       : endi… endi…. Komik doraemon, aku ngampil ndank?
Lisa         : golek’o dhewe ning toko !!!
Rina       : lho tibak’e we mblithuk no ta??
Lisa         : (mikir dhisik). E….. he’e paling.
Ujug-ujug Fela teko.
Rina lan Lisa : e…..dhemit kuntilanak, klambine biru..
Fela        : he? Kuntilanak? Endi? Ya Allah paringono kulo keslametan..
Rina       : lo, awake dhewe omong opo ta?
Zahra, Kenny, lan Naya teko.
Naya      : isuk-isuk nggosip wae.
Fela        : enek kuntilanak.
Zahra     : kuntilanak e lak yo kowe ta?
Fela        : (mikir) e……
Kabeh   : kesuen !!
Kenny   : iki sido ta rapat tahunan??
Naya      : mbahas opo lech??
Zahra     : mbahas tugas-tugas wae ya.?
Rina lan Lisa : sakkarepmu..
Kenny   : tugase bu Nunuk ya?
Rina lan Lisa : sakkarepmu..
Kenny   : ayo ndank lungguh ..
Fela        : yah, kursine kurang siji..
Zahra     : lungguh ning ngisor kan yo gak popo.. hehe
Fela        : tega we Zah karo aku..
Zahra     : jah,. Jah.. ijah ????!!!!
Naya      : wis. Wis. Ayo ndang diawiti rapat e..
Kenny   : tugase soko bu Nunuk nggawe drama kang temane sakkarep e awake dhewe, dadi iki mbahas temane sik ya?
Rina, Lisa lan Fela : sakkarepmu..
Naya      : yo wis, temane kedisiplinan sekolah !!
Rina lan Lisa: sa……
Zahra     : ndang sakkarepmu neh, ndang !!
Fela        : Jah, ojo sadis sadis to..
Kenny   : wis. Wis . tukaran maneh…tukaran maneh. . . temane diurutake usule, siji siji. Ndang laksanakne perintahku..
Naya      : emang kowe sopo ku, ngatur ngatur
Kenny   : aku ora ngatur ngatur kowe, aku mung ngandani kowe ben ora lelet lelet koyok uler keket..
Zahra     : ndek mau ngandani wong, nanging saiki kok malah dipraktekne dewe
Lisa         : wis, saiki ndang teruse. Terus saiki piye Ra pendapatmu?
Zahra     : sakkarepmu lah, aku wis wegah mikir
Fela        : emang mikir opo to?
Kenny   : tak omongi paling we yo ra ngerti
Zahra     : dasar utek lemot, di jak omongan yo ra bakalan nyantol
Lisa         : yo wes aku tak golek imajinasi sek ning jobo (karo mlaku ning jobo)
Zahra     : ke lo, arep golek imajinasi opo? Paling paling yo ra mutu
Rina       : mutu wi opo to? Yo wes aku tak metu dhisik yo..
Rina lan Lisa tabrakan
Lisa         : aduh, mripatmu wi ning ndi to? Nganti ora ngingeti aku ning kene
Rina       : lha gi mripatku
Lisa         : eh konco konco, aku gung nduwe inspirasi !!!
Zahra     : wis tak jedek
Naya      : wis… wis .. aku wae sing nentokne temane. Piye yen temane numpak sepedha bareng.
Kenny   : la we wi lo, entukmu ide koyok ngono kuwi yo soko endi?
Fela        : lha kuwi kan ideku, kok podo ya???
Naya      : ya embuh ya.. Fela… Fela… jelas jelas kuwi mau ideku, ngaku ngaku idemu. Paling kowe arep niru ideku.. iyo to..
Fela        : kuwi mau ideku, opo ata’e kowe sing niru ideku?
Naya      : dasar lemot, jelas jelas sing muni dhisik aku. Iyo to konco konco ..
Rina, Lisa, Zahra, Kenny : he……eh….
Fela        : he’eh kuwi iyo opo ora, muni ae ora jelas ..
Zahra     : tumben lemot e ilang, nyadar pisan, lak awake dhewe iki lagi ora mutu. Ngurusi uwong sing ngomong e ra penting, nganti nggawe kupingku panas
Fela        : kupingmu panas Jah?? Cepet…cepet.. golek kipas selak Jahra panasen
Naya      : lagek bar di omong lemot e ilang, e tiba’e ora ilang malah tambah.. kuwi berarti kowe sing nurun ideku. Ora maleh aku sing nurun idemu. Dasar utek lemot.
Zahra     : uwes..uwes.. ket mau tukaran wae
Rina       : piye nek temane oyok oyok an gawe ide
Lisa         : tumben we pinter..
Rina       : yo iyo.. we opo lagek ngerti nek aku pinter
Naya      : PD men le we…
Kenny   : la saiki wis eruh ta temane opo, dadi rapat tahunan iki dibubarne wae.
Rina, Lisa : yo, sakkarepmu wae..
Fela        : aku melu ya, we arep ning ndi.. ?
Rina       : la kowe arep ning ndi to, Lis..?
Lisa         : ayo ndang mlaku, pikir ngko wae..
Zahra     : aneh…. Ken, ayo ning perpustakaan?
Kenny   : ayo, aku yo arep golek buku pepak basa jawa
Naya      : nteni o…. aku melu ya????
Zahra lan Kenny : ayo. . .
:: selesai ::