SAKKAREPMU
Lisa : iki kuburan po piye to? Kok awake dhewe koyo wonk nyekar?( Rina lagi moco buku, ora nggatekno omongane Lisa)
Lisa : Rin… Rina… eh aku duwe komik doraemon ..
Rina : endi… endi…. Komik doraemon, aku ngampil ndank?
Lisa : golek’o dhewe ning toko !!!
Rina : lho tibak’e we mblithuk no ta??
Lisa : (mikir dhisik). E….. he’e paling.
Ujug-ujug Fela teko.
Rina lan Lisa : e…..dhemit kuntilanak, klambine biru..
Fela : he? Kuntilanak? Endi? Ya Allah paringono kulo keslametan..
Rina : lo, awake dhewe omong opo ta?
Zahra, Kenny, lan Naya teko.
Naya : isuk-isuk nggosip wae.
Fela : enek kuntilanak.
Zahra : kuntilanak e lak yo kowe ta?
Fela : (mikir) e……
Kabeh : kesuen !!
Kenny : iki sido ta rapat tahunan??
Naya : mbahas opo lech??
Zahra : mbahas tugas-tugas wae ya.?
Rina lan Lisa : sakkarepmu..
Kenny : tugase bu Nunuk ya?
Rina lan Lisa : sakkarepmu..
Kenny : ayo ndank lungguh ..
Fela : yah, kursine kurang siji..
Zahra : lungguh ning ngisor kan yo gak popo.. hehe
Fela : tega we Zah karo aku..
Zahra : jah,. Jah.. ijah ????!!!!
Naya : wis. Wis. Ayo ndang diawiti rapat e..
Kenny : tugase soko bu Nunuk nggawe drama kang temane sakkarep e awake dhewe, dadi iki mbahas temane sik ya?
Rina, Lisa lan Fela : sakkarepmu..
Naya : yo wis, temane kedisiplinan sekolah !!
Rina lan Lisa: sa……
Zahra : ndang sakkarepmu neh, ndang !!
Fela : Jah, ojo sadis sadis to..
Kenny : wis. Wis . tukaran maneh…tukaran maneh. . . temane diurutake usule, siji siji. Ndang laksanakne perintahku..
Naya : emang kowe sopo ku, ngatur ngatur
Kenny : aku ora ngatur ngatur kowe, aku mung ngandani kowe ben ora lelet lelet koyok uler keket..
Zahra : ndek mau ngandani wong, nanging saiki kok malah dipraktekne dewe
Lisa : wis, saiki ndang teruse. Terus saiki piye Ra pendapatmu?
Zahra : sakkarepmu lah, aku wis wegah mikir
Fela : emang mikir opo to?
Kenny : tak omongi paling we yo ra ngerti
Zahra : dasar utek lemot, di jak omongan yo ra bakalan nyantol
Lisa : yo wes aku tak golek imajinasi sek ning jobo (karo mlaku ning jobo)
Zahra : ke lo, arep golek imajinasi opo? Paling paling yo ra mutu
Rina : mutu wi opo to? Yo wes aku tak metu dhisik yo..
Rina lan Lisa tabrakan
Lisa : aduh, mripatmu wi ning ndi to? Nganti ora ngingeti aku ning kene
Rina : lha gi mripatku
Lisa : eh konco konco, aku gung nduwe inspirasi !!!
Zahra : wis tak jedek
Naya : wis… wis .. aku wae sing nentokne temane. Piye yen temane numpak sepedha bareng.
Kenny : la we wi lo, entukmu ide koyok ngono kuwi yo soko endi?
Fela : lha kuwi kan ideku, kok podo ya???
Naya : ya embuh ya.. Fela… Fela… jelas jelas kuwi mau ideku, ngaku ngaku idemu. Paling kowe arep niru ideku.. iyo to..
Fela : kuwi mau ideku, opo ata’e kowe sing niru ideku?
Naya : dasar lemot, jelas jelas sing muni dhisik aku. Iyo to konco konco ..
Rina, Lisa, Zahra, Kenny : he……eh….
Fela : he’eh kuwi iyo opo ora, muni ae ora jelas ..
Zahra : tumben lemot e ilang, nyadar pisan, lak awake dhewe iki lagi ora mutu. Ngurusi uwong sing ngomong e ra penting, nganti nggawe kupingku panas
Fela : kupingmu panas Jah?? Cepet…cepet.. golek kipas selak Jahra panasen
Naya : lagek bar di omong lemot e ilang, e tiba’e ora ilang malah tambah.. kuwi berarti kowe sing nurun ideku. Ora maleh aku sing nurun idemu. Dasar utek lemot.
Zahra : uwes..uwes.. ket mau tukaran wae
Rina : piye nek temane oyok oyok an gawe ide
Lisa : tumben we pinter..
Rina : yo iyo.. we opo lagek ngerti nek aku pinter
Naya : PD men le we…
Kenny : la saiki wis eruh ta temane opo, dadi rapat tahunan iki dibubarne wae.
Rina, Lisa : yo, sakkarepmu wae..
Fela : aku melu ya, we arep ning ndi.. ?
Rina : la kowe arep ning ndi to, Lis..?
Lisa : ayo ndang mlaku, pikir ngko wae..
Zahra : aneh…. Ken, ayo ning perpustakaan?
Kenny : ayo, aku yo arep golek buku pepak basa jawa
Naya : nteni o…. aku melu ya????
Zahra lan Kenny : ayo. . .
:: selesai ::